Skip to main content

Posts

Showing posts from February, 2022

Translate

Gladhen 5: Wektu Lan Wayah

Bapakku ngasta ing kantor tengah kutha. Nyambutgawene saka Senin nganti Kamis, saka jam sanga tekan jam enem. Dina Jumat lan dina Setu prei. Saben esuk, bapakku (tangi) wungu  jam enem limalas menit, banjur siram lan shalat subuh. Bapakku tindak menyang kantor nyopir mobil dhewe. Sawise rongpuluh menit, bapakku teka ing kantor. Ngaso jam rolas luwih telungpuluh menit. Adate bapakku (turu) sare sedhela lan (mangan) dhahar panganan sing dimasak dening ibuku. Jam enem sore, bapak wis kondur. Tekan ngomah, bapakku seneng aku nyopot kaos kakine lan mijeti sikile sadurunge dhahar bengi.

Gladhen 4: Angka Lan Etungan

Amarga COVID, tetuku liwat online dadi pilihan nomer siji yen aku tuku barang. Warna-warna barang sumadiya. Sawise pesen, kito ana pilihan mbayar: kenceng, nganggo kartu debit, utawa kartu kredit. Upamane, aku kepengin sinau basa Jawa. Kok aku pengin sinau basa iki? Nalika aku isih cilik, aku krungu buyutku, mbahku, nyaiku, bapakku, lan wong-wong tuwa nggunakake basa Jawa saben dina. Aku ora bisa, nanging aku pengin ngerti leluhurku, budayaku, nanging bapakku (kandha) ngandika, basa Inggris luwih penting. ….Rongpuluh taun candhake…. Aku nemokake pariwara ing Facebook ‘Javanese Singaporeans’ ana Kelas Basa Jawa online  (Instagram tlatahwaktu ) sing diwulang dening guru sing wis pengalaman. Antaraliya, buku (kasedhiya) sumadiya, lan regane bisa mbayar, gunggung sangangsatus patangpuluh ewu rupiah. Aku mbayar online liwat app WISE. Saiki, aku kabeh ing minggu katelu ing wulangan nenem, diwulang guru Basa Jawa sing gangtheng Pak Karsono saka Prambanan (wkwkwk), kanca-kancaku sekelas pitu

Gladhen 3: Omahku Lan Omahe Jaka

Omahku marep ngulon, ana ing pinggir Jalan Bendahara. Sisih kiwane omahku ana kebun bunga. Saben esuk, aku seneng olahraga ing kebun bunga.  Ing sisih tengen omahku, omahe Jaka. Jaka duwe sedulur luwih akeh tinimbang aku, mulane omahe Jaka luwih gedhe tinimbang omahku. Kamar omahe Jaka uga luwih akeh tinimbang omahu, ana sepuluh kamar. Omahku luwih cilik, dadi luwih gampang diresiki.

Gladhen 2: Keblat Lan Papan

1.       Sepatune ibuku ana ing ngisor meja. 2.       Komputer ana ing ndhuwur meja. 3.        Jejer kasurku ana lampu. 4.       Ing pinggir kali, ana omahku sing ayu. 5.       Kucingku lagi turu ing sisih lawang. 6.       Sekolahku cerak karo kantor pos. 7.       Pasar iku adoh ing kulon kota. 8.       Buku Sinau Basa Jawaku tumumpang ing ndhuwur Kamus Basa Inggris. ------------------------------ Aku ana ing Bank Negara. Aku arep menyang warung asam pedas.  Aku bisa liwat Jalan Duke, menggok ngiwa Jalan Dhoby. Lepas kuwi aku menggok tengen Jalan Pahang, lempeng, ngliwati prapatan Jalan Ismail Sultan-Jalan Ibrahim. Warung asam pedas ana ing ngarepku.

Gladhen 1: Keluarga

Jenengku Iza. Bapakku asmane Ali, dene asmane ibuku Bu Fuziyah.  Aku anak sing barep. Sedulurku telu, adhi lanang loro, lan adhi wadon siji. Jenenge adhi lanangku Arib, lan Nabi, jenenge adhi wadonku Ayu.